FORUM GURU MGMP BAHASA DAERAH (JAWA)

FORUM GURU MGMP BAHASA DAERAH (JAWA)

Home

Sabtu, 07 November 2015

TATA CARA UPACARA SIRAMAN

Tata cara upacara siraman tingkeban[sunting] 1. Siraman dipunlaksanaken déning para sesepuh (priyantun ingkang dipunsepuhaken) ingkang cacahipun pitu, kalebet rama kaliyan ibu saking ibu ingkang nembé ngandhut. Saénipun ingkang nyirami inggih punika tiyang sepuh ingkang sampun gadhah wayah. 2. Sasampunipun upacara siraman, dipunlajengaken upacara nglebetaken tigan ayam kampung wonten ing kain (sarung) calon sang ibu déning sang garwa saking padharanipun ngantos pecah. Punika minangka simbol saha nyuwun supados bayi ingkang badhé dipunlairaken saged lair kanthi gampil tanpa alangan satunggal punapa. Padatanipun, bilih priyantun èstri ingkang nembé ngandhut sapisanan nglairaken kathah godhanipun. Awit saking punika, prelu ndedonga kaslametan, utaminipun ing wekdal pitung sasi. 3. Salajengipun inggih punika gantos busana kaping pitu dipunrangkepi kain pethak. Kain pethak kala wau dados dhasaring busana ingkang kaping pisan minangka pralambang bilih bayi ingkang badhe dipunlairaken inggih suci saha badhe pikantuk rahamat saking Gusti Allah SWT. 4. Sasampunipun ingkang calon ibu ngagem kain pethak kaping pitu gantos-gantosan, lajeng dipunadani adicara medhot lawè ingkang dipunubengaken ing padharanipun calon ibu. Dènè ingkang medhot benang lawè punika inggih calon bapa nipun kanthi ancas supados bayi ing kandhutan samangkè saged lair kanthi gampil. 5. Menawi lawè sampun dipunpedhot, mila calon simbah putri saking pihak calon ibu, nggèndhong klapa gadhing dipunkancani dèning ibu bèsan. Ananging sadéréngipun, klapa gadhing kala wau dipunlebataken wonten ing kain ingkang dipunagem calon ibu saking nginggil liwat padharan dumugi ngandhap, lajeng dipuntampani dèning calon simbah putri nipun. Ancas saking upacara punika inggih supados samangkè bayi ingkang dipunkandhut saged lair kanthi gampil tanpa rubèda satunggal punapa. 6. Rerangkéning adicara ingkang salajengipun inggih calon bapa mecah klapa gadhing kasebat kanthi sadéréngipun milih setunggal saking kalih klapa ingkang sampun dipugambari Kamajaya saha Dewi Ratih utawi Arjuna kaliyan Wara Sumbadra utawi Srikandhi. Klapa kalih kala wau dipunwalik supados ingkang bapa boten saged ningali gambaripun kala wau. Menawi klapa ingkang dipungepuk kaliyan ingkang bapa ingkang gambaripun Kamajaya mila bayi nipun badhe lair kakung, saha kosok walikipun bilih ingkang dipungepuk gambar Dewi Ratih, mila bayinipun éstri. (Punika namung ingkang dipunkaremaken kemawon, déréng mesti dados kasunyatan). Ananging, bilih kita nyuwun kanthi saéstu dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos, mila punapa ingkang dipungayuhaken saged kabul. 7. Sabibaripun upacara siraman punika kalajengaken upacara milih sekul jènè ingkang mapan wonten ing takiripun ingkang garwa. Lajeng dipunlajengaken upacara dodol dhawet saha rujak. Anggénipun bayar dodolan nganggè logam ingkang kadamel saking remukan gendhéng (kréwéng) ingkang dipunbentuk bunder, arupi yatra logam punika. Asilipun dodolan dipunkempalaken lajeng dipunlebetaken kwali ingkang dipundamel saking lempung. Kwali ingkang sampun dipunisi kaliyan kréwéng kala wau lajeng dipungepuk wonten ing ngajeng lawang. Upacara punika minangka simbol supados bayi ingkang dipunlairaken samangkè pikantuk kathah rejeki, saged kangge nyekapi gesangipun kulawarganipun saéngga saged ngamal ingkang kathah. Ubarampè Upacara Tingkeban[sunting] Ubarampè ingkang dipunginakaken ing upacara tingkeban inggih awujud manèka werna dhedharan. Dènè ancasipun wonten dhedharan punika minangka tandha sukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuawaos awit sedaya sih nugrahanipun. 1. Tumpeng Kuat. Tumpeng kuat minangka simbol supados bayi ingkang badhè dipunlairaken samangkè sehat saha kuwat. Bahan ingkang dipunginakaken inggih punika wos. Tumpeng ugi dipunhias ngginakaken tigan ayam godhog 35 iji, tahu, tèmpè, iwak asin goreng, lombok mentah ingkang dipundamel hiasan saha tèrong mentah ingkang dipunoncéki ananging kulitipun tetep taksih nèmplèk, saha dipunsukani urab-uraban. 2. Jajan Pasar. Jajan pasar punika boten kedah dipundamel piyambak ananging tumbas kèmawon wonten ing pasar. Jajan pasar ingkang dipuntumbas antawisipun kuè apem, kuè cucur, kuè bolu, kuè lapis, saha woh-wohan kados ta, nangka, jeruk, bengkowang, timun, pisang, kacang godhog, lan sapanunggalanipun. Sedaya jajan pasar kala wau dipuntata kanthi rapi nembè dipunsajikaken. 3. Keleman. Keleman inggih punika kados ubi-ubi nan. Keleman ingkang dipunbetahaken dados ubarampè upacara tingkeban arupi pitung jinis, kados ta: ubi jalar, tèla, gembili, kenthang, wortel, ganyong, saha erut. Manèka warna keleman dipunsajikaken wonten ing setunggal wadah kados ta nyiru. 4. Rujakan. Rujakan punika kadamel saking manèka warna woh-wohan kados ta: jeruk, timun, blimbing, pisang watu, lan sapanunggalanipun. Sedaya bahan rujak dipuncampur dados setunggal saha dipunsajikaken kanthi saè ngantos raosipun rujak èco. Ancasipun inggih supados bayi ingkang badhè dipunlairaken samangkè saged ngremenaken kulawarganipun. 5. Dawet. Kangge nggampilaken anggenipun damel, dawetipun saged dipuntumbas wonten ing pasar saha ing griya namung kantun mangsak dawetipun kanthi dipuncampur santen supados raosipun èco. Menawi kepéngin seger saged dipuntambahi ugi és batu. 6. Sajén Medikingan. Sajén punika dipundamel kanggè lairanipun putra ing sangandhaping putra bajeng piyambak. Dènè ubarampènipun inggih kados mekaten. • sekul jenè ingkang bentukipun kerucut. • sekul loyang, inggih punika sekul jenè ingkang dipunkum wonten ing toya, lajeng dipundang malih saha dipunsukani klapa parut. • entén-entén, inggih punika campuran klapa parut kaliyan gendhis klapa ingkang dipunmangsak ngantos garing. • bubur procot, dipundamel saking glepung wos, santen sacekapipun, gendhis klapa, ingkang dipunmangsak kanthi wetah, lajeng dipunlebetaken periuk ingkang salajengipun dipunmangsak sesarengan. Wonten ing upacara tingkeban kedah wonten ugi pitung jinis bubur, kalebet bubur procot punika. Wekdal Upacara Tingkeban[sunting] Upacara tingkeban limrahipun dipunadani ing dinten ingkang pinilih, inggih dinten rebo utawi setu ing tanggal 14 saha 15 miterat tanggal sasi Jawa. Priyantun Jawi pitados bilih menawi upacara tingkeban dipunadani ing tanggal punika, bayi ingkang badhè dipunlairaken gadhah cahya ingkang sumunar saéngga saged dados larè ingkang pinter. Wekdal kangge ngadani upacara tingkeban ingkang sae ing wanci 09.00 - 11.00. Calon ibu kedah siram saha kramas ingkang resik rumiyin. Punika minangka simbol wontenipun kekareman ingkang suci saha resik saking pribadinipun calon ibu. Upacara tingkeban saged dipunwiwiti ing pukul 15.00 - 16.00, amargi priyantun Jawa pitados bilih ing wekdal punika bidadari saweg mandhap ing bumi kagem siram. Pirantos Upacara Tingkeban[sunting] Sapèranganing pirantos ingkang kedah dipunsamektakaken kanggè upacara tingkeban ing antawisipun 1 mèja ingkang dipuntutup kain pethak ingkang resik. Sanginggilipun dipuntutup malih kaliyan bangun tulak, kain sindur, kain lurik, yuyu sekandhang, mayang sekar utawi lentrek, ron dhadhap serep, ron kluwih, saha ron alang-alang. Sedaya bahan kala wau kanggè lambaran menawi saweg nyirami.[3] Pirantos sanésipun ingkang dipunbetahaken inggih punika: 1. Bokor. Bokor dipunisi toya sekar setaman kanggè upacara siraman. 2. Bathok. Dipunginakaken kanggè cidhuk ing upacara siraman. 3. Boreh, dipunginakaken kanggè gantosipun sabun ing upacara siraman. 4. Kendhi, dipunginakaken kanggè nyirami ingkang kaping pungkasan. 5. Lap andhuk. 6. Kalih setengah méter kain pethak. 7. Tigan ayam kampung setunggal dipunwungkus plastik, cengkir klapa gadhing. Busana Upacara Tingkeban[sunting] Busana ingkang dipunagem calon ibu inggih punika, kalih méter lawè, rasukan dalam, kebaya 7 potong, kain batik 7 lembar salah satunggalipun motif truntum, saha stagéén. Dènè busana ingkang dipunagem calon bapa inggih punika kain batik motif truntum, beskap, saha udeng (blangkon). Kanggè calon ibu boten pareng nganggè perhiasan. Sesajén Tingkeban[sunting] 1. Tumpeng robyong mawi kuluban, tigan ayam godhog, iwak asin dipungoréng. 2. Ayam bekakah 1 pasang (ayam ingkung) 3. Bubur pethak 1 piring 4. Bubur sengkala 1 piring 5. Bubur abrit 1 piring 6. Pényon utawi plérét 1 piring 7. Ketupat lepet (namung kanggè sarat kemawon) 8. Manèka warna woh-wohan 9. Jajan pasar saha pala kependhem 10. Arang-arang kembang 1 gelas 11. Dhawet ayu KETHOPRAK Wonten ing tanah Jawi kathah kita panggihi asli kabudayan ingkang maneka warni. Paramila saged kawastanan bilih tiyang Jawi punika sugih kabudayan, inggih saking basa, kasenian, teknologi, lan sapanungalanipun. Asil-asil kabudayan kala wau taksih kasimpen ing tanah Jawi lan wewengkon sanesipun sae awujud seratan, barang-barang, wewangunan, punapa dene ingkang boten saged kita tingali nanging saged kita raosaken ingggih punika morma-norma utawi nilai-nilai ingkang dipunwarisaken deninmg pada leluhur. Saking asil-asil kabudayan kala wau saged kita mangertosi kados pundi gesangipun tiyang Jawi ugi watakipun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar